Cari

The Web Ask Diperantauan

Monday, August 15, 2011

Aku Ngomong Seng Aku kelingan


ASSALAMUALAIKUM

AKU NGOMONG SENG AKU KELINGAN*ngoko version

Aku bercerita apa yang masih diingatanku

Jenengku Sapri(penulis),manggon nang Tanjung karang,aku ki wong jowo,angger orak wong jo ye orak iso ngomong koyo ngene, hehe,Iki dino aku arek ceritakno kisah aku seng biyek-biyek nang Tanjung karang seko aku ijek cilik tekan saiki.insyaallah.

Biyek ijek cilik aku manggon nang gone embahku nang sawah sempadan.Anger wong biyek-biyek okeh temen perkaro seng arek dibuatne nang kampung,uduk koyo bocah saiki, sore,peteng,sui,bengi asek ngerjakno FACEBOOK wae.Wong biyek anger kerungu wong tuek lalu nang ngareppe dang2 embelayu wedik keneng tabok endase.(ijek kelingan penulis keneng tabok anger orak balik wes sorre) .Anger bocah saiki keneng tabok wes aku orak ngerti opo seng dadi.Barane lebih bocah saiki,wes orak wedik karo wong tuek …(orak percoyo kenek tabok takon karo wong tuek biyek-biyek)

PANEN

Nang gone embahku enek sawah,anger wong jowo ngomong dino PANEN (menuai) ki wong2 sogeh entok hasile seng diushakno dino bengi.Dino panen biyek uduk koyo saiki,anger biyek bocah-bocah mareng sawah pecicilan,petakilan,ciblon (nang palong)gogoh, embakari damen, nawuu batas2 arek ngolek iwak kotok arek digawe gereh.Enek jugak bocah seng pelayuran gawe wao merak,jalabodi,bulan n okeh meneh ngantek aku kelalen arek diceritakno siji-siji.kuilah seng penulis gawe anger dino panen.Anger enek bajak meneh okeh engko bocah-bocah arek ndelok.

iwak kotok iwak leleh

Matane ngantok wetenge ngeleh

Anger wong seng sogeh arek gawe tahlilan/bancaan/selamatan arwah nang omahhe, wong sak qariah dikonn tekan mareng umah tahlilan.Tahlilan iso digawe wes isya’e entek.Wong jowo ngomong iki kodangan tahlilan.Wong seng kondang wong biasane tuan rumahe.

DINO PUOSO WONG JOWO

Anger dino puoso wong jowo nang Tanjung Karang mareng bukit melawati arek ndelok enek oporak purnamane Ramadhan,anger Purnamane weroh yer sesokne puoso.Tekan saiki anger sesokne puose kentong karo bedok ditabokno seng getet-getet men wong sak kampong kerungu sesokne puoso.anger wes maghrib wong teko mareng surau arek terawihan (seng bocah cilik opo lagi merconan wae nang buri) saiki penulis wes gedi ye, orak merconan.hehe.

Anger terawihan wes entek , meneh kentong karo bedok ditabokno men wong sak kampong kerungu wes entek terawihan.Wong2 anger pas terawihan kabeh jagong nang ngarep serambi surau mangan moreh nang ambeng,iki dadi tekan saiki nang surau kiyai abu Hassan sri tiram.Wes kui,enek taddarus,iktikaf karo marhabanan.

Anger wes arek entek Ramadhane,wong jowo gawe munjungan dikai karo dulur-dulure,tonggone karo konco-koncone.Angger orak digawe munjungan ki terutamane wong seng sugeh,wong ngomong “wong kolu mangan dhewek”.Ojo kito dadi koyo ngono,kaila sitik karo wong seng orak enek.

Binyek nang gone embahku dulur-dulure kabeh teko arek Rewang gawe Jenang(dodol),Ketupat anger wong lanang. Seng wong wedok mareng dapur gawe bacemm,lemper,bolu arek dipangan dino rioyo.FYI angger wong tuek urong mangan,wong seng nom orak keneng mangan.angger arek mangan makanane jalok diasengno seng wong tuek supoyo wong tuek orang mangan turahan wong nom.(penghormatan terhadap orang tua).

Dino Rioyo

Angger wes kabeh dulur-dulure seng cepak teko,kabeh mareng ngone wong tuek e’ arek njalok ngapuro anger enek silapane seng biyek.Kabeh ciumi tangan wong tuek e’ ngomong ‘kulunnyuwun Wak/Kakek/Embah/Buyot seng aturaken sedoyo keluputane kulo anger enek silapane seng biyek njalok dingapuro seng akeh-akeh (silapane siji-siji dikai tahu karo seng tuek ‘e,wong jowo njalok ngapuro sui lol,sak wong limo las minit).Anger wong tue’e wes ngomong seng podoh-podoh,makanane wes entek ngapurone,anak e wes entok ngapuro,seng putu-putu ne entok ‘angpow limang-e-cje’.hehe


Anger nang kampongku ijek enek wong jowo gawe Baraan njalok maafin sak kampong,kabeh wong seng nom-nom mellu baraan wakili wong tuek e.Kabeh umah sak kampong wong baraan teko.Baraan enek wong lanang,wong wedok,bocah-bocah cilik seng arek ngolek pitis pon enek..hehe.

Iki sojo seng aku kelingan tekan saiki,anger enek Wak/Penulis/Sapri gawe nang post seng ngarep.insyaallah

Bocah cilik mangan sego

Sego dipangan karo gulo

Iki dino kito rioyo

Anger enek silapane jalok ngapuro



*Info tertib bahasa jawa

1.Ngoko-bahasa yang digunakan penulis diatas,besenye orang-orang sebaya,kawan rapat,orang tua kepada orang muda menggunakannya.

2.Bahasa Ngoko Andhap- bahasa jawa ngoko yang diselang dengan beberapa kata jawa karma inggil untuk kata ganti orang dan kata kerja.Digunakan orang yang lebih tua dan berdarjat tinggi atau waktu orang jawa mintak maaf.

3.Bahasa Madya-Ade 3 jenis

a)Madya ngoko-digunakan oleh pedagang,campuran ngoko dan karma

b)Madyantara-bahasa yang digunakan oleh golongan priyayi(kaya bijak pandai) dengan sesame priyayi atau antara golongan priyayi dengan saudaranya.

c)Madya karma-bahasa yang digunakan isteri priyayi kepada suami,(memang romantic berbunga-bunga bahasa nih)

4.Bahasa Krama-bahasa jawa halus yang menggunakan kata ganti orang,kata kerja,kata benda,biasa digunakan oleh orang yang belum rapat,atau oleh anak muda cakap kepada orang tua,(Bahasa baku la senang cerita).

5.Krama Inggil-Bahasa yang digunakan oleh priyayi agung (yang duduk kat istana)

*Perbezaan yang lebih ketara mungkin terdapat sekiranya anda dari jawa yang menggunakan dialek kebumen,kedhaton,bagongan,sunda,patih..dll,bagaimanapun kita tetap jawa !! peace !!

Sumber-

*tertib berbahasa-Perpustakaan Tun Seri Lanang,UKM,DS 646.23.k59.Kebudayaan Jawa.Koentjaranigrat 1984

*Munjung-Yayasan Idayu Jakarta, 3045554.Manusia Jawa,Drs.Marbangun Hardjowirogo.Jakarta 1983

p/s -penulis mempunyai hard copy buku-buku tersebut bersama karya-karya Raden Ngabehi Ranggawarsita,Arswendo Atmowiloto.kepada sesiapa jawa yang mengginginkanye copynye,pm me,marilah mengenal asal-usul kita.insyaallah.

-Jikalau ada kesempatan penulis akan membuat post tentang adat-adat perkahwinan orang jawa,insyaallah.

No comments:

Post a Comment